Tuladha saking Kanjeng Nabi ugi mencakup sedaya perkawis. Kalebet ugi, ing dalem perkawis kepemimpinan. Kita sedaya ingkang dados pemimpin, paling mboten pemimpin ing keluarga kita masing-masing, langkung-langkung tumerap tiyang ingkang dados pemimpin umat, kedah niru sifat-sifate Kanjeng Nabi.
Karakter kepemimpinan saking Kanjeng Nabi punika saget kita tiru saking sifat wajibipun para rasul. Wonten ing Kitab Aqidatul Awwam, Syekh Ahmad Marzuqi nerangaken sifat-sifat wajibe para rasul:
أَرْسَـلَ أَنْبِيَا ذَوِي فَـطَـانَـهْ * بِالصِّـدْقِ وَالتَـبْلِـيْغِ وَاْلأَمَانَهْ
Artosipun: “Gusti Allah sampun ngutus para nabi ingkang gadahi sifat-sifat: fathanah, shiddiq, tabligh, lan amanah.”
BACA JUGA: Hadiri Maulid bersama Syeikh Ali Gomma, Arsjad Serukan Harmonisasi
Para jamaah ingkang minulya,
Sifat ingkang pertama, inggih punika shiddiq ingkang artosipun temen utawi jujur utawi mboten goroh. Kanjeng Nabi punika, gadahi sifat jujur kawit alit tumeka akhir hayatipun. Kanjeng Nabi, nalika dados pedagang, ugi terkenal jujur.
Para pemimpin ingkang jujur, bakal disenengi rakyate. Malah-malah, ugi disegani kalian lawan-lawane. Kosok wangsule pemimpin ingkang goroh utawi seneng ngapusi, mesti bakal disengiti marang umate.
Kaping kalih, para pemimpin kedah gadah sifat amanah, tegese ngreksa saking nglampahi awisanipun Pengeran ugi nglampahi tugas lan tanggung jawabe kanthi sahe. Kanjeng Nabi Muhammad saw, rikala taksih timur, nate gawe rukun kaum Quraisy nalika badhe nyelehake hajar aswad ing Ka’bah. Piyambakipun saget damel bersatu kaum Quraisy Mekah, ingkang sakderengipun padha pecah lan congkrah babagan sinten inkang paling pantes nyelehake hajar aswad ing Ka’bah. Nabi lajeng dipun paringi gelar Al-Amin.
Pramila, para pemimpin, kedah saget niru sifat amanah punika. Nglampahi tugas lan tanggung jawabe kanthi sahe, saha saget damel rukun umate. kosok wangsule, pemimpin ingkang mboten amanah utawi khianat, piyambakipun menyalahgunakan jabatan, kangge kepentingan pribadi, mboten kangge kepentingan umat. Utawi damel kebijakan ingkang dados sebab kerusakan ing umat. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw:
فَإِذَا ضُيِّعَتْ الْأَمَانَةُ فَانْتَظِرْ السَّاعَةَ، قَالَ: كَيْفَ إِضَاعَتُهَا؟ قَالَ: إِذَا وُسِّدَ الْأَمْرُ إِلَى غَيْرِ أَهْلِهِ فَانْتَظَرْ السَّاعَةَ
Artosipun: “Tatkalane wis ilang apa sifat amanah, mangka titenana/ntenana bakal (kedaden) kiamat,” lajeng wonten sahabat kang tanglet, “Kados pripun ilange amanah iku?” Kanjeng Nabi Muhammad saw dhawuh: “Nalika urusan iku dipasrahke dudu marang ahline, mangka ntenana bakal (kedaden) kiamat.” (Hadits riwayat Imam Al-Bukhari).
BACA JUGA: Arsjad Rasjid dan Syekh Ali Jum’ah Bersatu dalam Peringatan Maulid Nabi di Yogyakarta
Para jamaah ingkang minulya,
Lajeng sifat ingkang nomer tiga, yaiku tabligh tegese nekaaken dhawuh-dhawuh ingkang dipun perintahake saking Allah, supados dipun dugiaken dhateng umat. Para pemimpin ing kedah maring tuladha marang umate. Nalika, para pemimpin maringi kebijakan supaya umate padha tumindak sahe, mestinipun piyambakipun sampun ngawiti rumiyin.
Ugi, ing dalem damel kebijakan-kebijakan, mestinipun saget dinikmati umate kanthi asas keadilan. Kosok wangsule, pemimpin ingkang gadahi sifat kitman, bakal ngumpetake perkawis-perkawis ingkang saget dadosake kemaslahatan marang umate.Sifat ingkang terakhir saking
Kanjeng Nabi, ingkang saget para pemimpin tiru, yaiku fathanah, tegese para pemimpin kedah limpat (cerdas) nalaripun. Sebab, nalika mimpin umat ingkang maneka warna, mestinipun para pemimpin kedah maringi kebijakan ingkang pas kalian keadaan zaman, wilayah, lan rakyate. Pramila, dados pemimpin kedah cerdas ing dalem mendet kebijakan. Kosok wangsule, para pemimpin ingkang baladah utawi bodho bakal nyengsaraake umate, sebab mendet kebijakan ingkang keliru.
BACA JUGA: Pendek dan Bermakna, Ini Contoh Pidato Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW 2024
Para jamaah ingkang minulya,
Menikalah sifat-sifat ingkang saget kita tiru saking Kanjeng Nabi. Khususipun ing dalem konteks kepempinan. Tuladha punika, mboten namung kangge para pemimpin umat utawi pejabat, ananging ugi kangge kita sedaya ingkang dados pemimpin keluarga.
Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang slamet lan begja dunya akhirat. Lan mugi kita sedaya pinaringan gesang ingkang Gusti Allah ridhani. Ugi benjang dipun pejahake kanthi keadaan ingkang sahe. Amin ya Rabbal ‘alamin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
BACA JUGA: Rekomendasi 3 Tempat Wisata Hits di Cilacap, Siap Liburan Long Weekend Maulid Nabi 2024
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ