Alhamdulillah, Alhamdulillahirobbil ‘alamin, wash-sholatu wassalamu ala Rasulillah wala haula walla quwwata illa billah amma ba’du.
Sumongo kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah Swt. ingkang Mahawelas lan Mahaasih, ingkang tansah paring mapinten-pinten rahmat lan hidayahipun, saenggo kita sedaya saged makempal ing papan menika saperlu ngrawuhi malam tirakatan 17 Agustus ing [nama daerah].
Sholawat saha salam mugi katetepaken dhumateng junjungan kita sedaya, Nabi Muhammad saw. ingkang kita tengga syafaatipun wonten ing yaumul akhir samangke. Aamiin.
Bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang minulya, keparenga kula minangka perwakilan panitia pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 79 wonten ing taun 2024 menika, ngaturaken agunging panuwun dhumateng warga [nama daerah] ingkang sampun kersa paring pambiyantu dhumateng panitia, saengga reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 79 tahun menika saged lancar saking purwakaning kegiatan dumugi pungkasan.
BACA JUGA: Gak Kalah Seru dari Anak-anak, Ini 9 Ide Lomba 17 Agustus Khusus Dewasa, Bapak-Ibu Merapat!
Para rawuh ingkang kulo hormati, panitia ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, soho adik-adik ingkang sampun kersa nderek sarta ngregengaken lomba 17 Agustus wonten ing [nama daerah] menika. Mugi-mugi lomba-lomba menika, saged ndadosaken warga [nama daerah] langkung kompak saha langkung guyub.
Bapak-bapak saha ibu-ibu, ingkang pungkasan, kula minangka wakil panitia ugi nyuwun agunging pangapunten mbok menawi wonten ing reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 79 menika, panitia kathah klenta-klentunipun ingkang mboten nujuprono ing penggalih.
Saking kula cekap semanten,
Wabillahi taufiq wal hidayah, Wassalamualaikum wr. wb.
Demikianlah contoh naskah sambutan ketua panitia acara peringatan 17 Agustus menggunakan Bahasa Jawa. (*)