Pendidikan

Momen Maulid Nabi, Ini Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tentang Suri Teladan Rasulullah

×

Momen Maulid Nabi, Ini Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa Tentang Suri Teladan Rasulullah

Sebarkan artikel ini
Khutbah idul Fitri Maulid Nabi
Ilustrasi khutbah. (Foto: Freepik)

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ

Artosipun: “Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal,” (Surat Al-Baqarah ayat 197).

BACA JUGA: Peringati Maulid Nabi, SMK Muhammadiyah 1 Semarang Ajak Siswa Jaga Lingkungan Lewat Berkarya

Para jamaah ingkang minulya,

Gusti Allah Subhanahu wa ta’ala ndadosake Kanjeng Nabi Muhammad saw, dados tuladha dhateng kita sedaya. Wonten ing Al-Qur’an Gusti Allah paring dhawuh:

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ

Artosipun: “Yekti temen ana iku kanggo sira kabeh ing dalem utusane Allah, apa panutan kang bagus, tumerap wong kang wedi marang Allah lan dina kiamat, lan padha eling marang Allah sarana eling kang akeh.” (Surat Al-Ahzab ayat 21).

Kanjeng Nabi Muhammad saw punika dados panutane kita sedaya. Mula umat Islam khususipun, kari manut mawon marang tumindhake Kanjeng Nabi lan ora usah sumelang apa-apa.

Tuladha saking Kanjeng Nabi ugi mencakup sedaya perkawis. Kalebet ugi, ing dalem perkawis kepemimpinan. Kita sedaya ingkang dados pemimpin, paling mboten pemimpin ing keluarga kita masing-masing, langkung-langkung tumerap tiyang ingkang dados pemimpin umat, kedah niru sifat-sifate Kanjeng Nabi.

Karakter kepemimpinan saking Kanjeng Nabi punika saget kita tiru saking sifat wajibipun para rasul. Wonten ing Kitab Aqidatul Awwam, Syekh Ahmad Marzuqi nerangaken sifat-sifat wajibe para rasul:

أَرْسَـلَ أَنْبِيَا ذَوِي فَـطَـانَـهْ * بِالصِّـدْقِ وَالتَـبْلِـيْغِ وَاْلأَمَانَهْ

Artosipun: “Gusti Allah sampun ngutus para nabi ingkang gadahi sifat-sifat: fathanah, shiddiq, tabligh, lan amanah.”

BACA JUGA: Hadiri Maulid bersama Syeikh Ali Gomma, Arsjad Serukan Harmonisasi

Para jamaah ingkang minulya,

Sifat ingkang pertama, inggih punika shiddiq ingkang artosipun temen utawi jujur utawi mboten goroh. Kanjeng Nabi punika, gadahi sifat jujur kawit alit tumeka akhir hayatipun. Kanjeng Nabi, nalika dados pedagang, ugi terkenal jujur.